Radio Garuda Suriname

Categories

Kolo wingi, wanci kulo lagi surfing, eh ora nyono ora ngiro, nemu tulisan babagan Radio Garuda Suriname. Pas kulo coba ngrungokake, yo apik kuwi. Basa kang digawe yo boso Jawi, nanging nanggo logat Londo(mbok menawi lho!). Tembang-tembange yo nganggo boso Jawa. Wanci kulo ngrungokno pas diputerake lagu keroncong. Yo ono iklan-iklane lho! Tapi ora jelas iklane opo wae, kerono kupinge lagi ngantuk ^_^ Lajeng yo ono iklane lagune Didi Kempot. Sebagian yo ono acara kang nganggo boso Londo. Yen poro konco arep ngrungokno pisan iso ngrungokno ing kene.
Klik wae gambar ing ngisor iki. Sugeng midhangetaken!


Boso opo iki??? Rat-marit! :p

Telah diposkan pukul 14.11 Label . You can follow any responses to this entry through the comments feed .

0 komentar

Posting Komentar